Senin, 01 April 2013

Jaman semana

kelingan jaman semana,
wayahe panas udan, ora kenal mangsa
esuk, awan sore nggendong jrigen njingjing ember
ora isin, ora pengin pamer
mung pengin ngisi gentong nganti luber
eben mane ora usah kesel2 ngendong kumbahan nyangking ember

sapa nyana sapa ngira
jaman semana, adus ura usah takon ning sapa
KALI LANANG KALI WADON
tempate wong pada nguyang banyu dicangking di gendong
adus ngumbai banyu ne wis nyandong
heeh, sapa sing kelingan jaman semana?
wayahe isuh-isuh, ngumbah sayuran ning grojogan
mlaku lunyu tangane tanggane enggo godogan
waktu sabun, rinso, odol masih jaluk-jalukan
adus gebyur ora nganggo basahan
nginum gluguk ora perlu godogan
heh, jaman semana kesel jere pangabdian
marang wong tua mung ngangsu banyu seglukukan
lanang ngangsu gawa pikulan
wadon nggawa buyung, jrigen ning gendongan
jaman semana wis raib
ilang kabeh,,,
mung ana ning pikiran, kala2 ne lagi kandah karo guyonan
krasa penak siki ning pikiran
ora sah ngangsu
banyu mili wis ning tenggokan
nggumbai ura perlu kucek2kan
mesin tinggal dipencet bersih kabeh pakean
jaman semana wis ilang,
mangsane odol langka kadang njaluk kadang nyilang
siki ana ora nana di pikir dewekan
jaman semana wis ilang
tapi pringanamba ora bakal luput saka pikiran

Tidak ada komentar:

Posting Komentar